Rabu, 06 Juni 2012

Tembung camboran


logo
sukolaras
Tembung camboran , kuwi rong tembung utawa luwih kang digandheng dadi siji ngliwati sawijining proses morfologi. Proses morfologi yakuwi proses owah-owahan saka morfem dadi polimorfem, sing nduweni kategori lan makna wutuh, saengga polimeorfem iku disebut tembung. Jroning basa jawa, ana telung proses morfologi sing disinaoni, yakuwi: proses wuwuhan (pengimbuhan), proses rangkep (pengulangan), lan prosès camboran (pemajemukan). Proses camboran (pemajemukan) yaiku proses panggabungan morfem dhasar, sing biasa digabung yakuwi lingga karo lingga liyane. Camboran diperang dadi loro, yaiku: camboran wutuh lan camboran udhar. Camboran wutuh minangka camboran sing konstruksine digabung, saengga ngasilake siji makna. Dene camboran udhar arupa camboran sing konstruksine kapisah lan maknane isih digabung, saliyane kuwi unsure isih bisa digolèki.
Miturut wutuh orané, tembung camboran iki kapérang dadi loro, yakuwi:
§  Tembung cambaoran wutuh, contoné: sisib sembir, baya pakéwuh, raja lélé lsp.
§  Déné wujud sijiné yakuwi wis dicekak (wancah). Contoné: bangjo: abang-ijo, barji barbèh: bubar siji bubar kabèh, gaji wakma: sega siji iwaké lima, nasgithel:panas legi kenthel lsp.
Miturut hubungan wanda siji lan sijiné, tembung camboran bisa dipilah dadi telu, yakuwi:
§  Tembung camboran kang nduwèni teges sadrajad. (kopulatif). Contoné: gedhé cilik, tuwa nom, sumbang surung, sandhang pangan lsp. Reroncèn tembung bisa uga ditambahi tembung "lan" utawa"saha".
§  Tembung camboran kang tembung kapidhoné nerangaké tembung kapisan (determinatif). Contoné: jambu kapuk, pelem gadhung, manuk dara, lsp.
§  Tembung camboran kang tembung kapisan nerangaké tembung kapindhoné. Conto: Parama sastra = sastra kang parama (linuwih), Pandhu putra = putrané Pandhu, lsp.

0 komentar:

Posting Komentar

trimakasi sudah berkunjung.....

tolong tinggalkan komentar anda!!!